West wayahmu oleh metu² ndelok gemebyare ndunya sing ora dingerteni kapan kok tinggalake maneh, mulih ing ngarsane penciptamu ngger...
Anane ning ndunya iki urip iku sedjatine mung nitih napsu, mulo ojo nemen² le mu karep kanggonan kamulyan ning ndunya iki.
Bebrayan marang sakpadhane, njogo mring liyan.
Deduenmu pikiran, ati, kudu biso kok olah ndadek'ake budipekerti,unggah_ungguh lan ilat kang biso agawe guyub ing bebrayan ugo ojo nganti agawe cidro ati mring liyan.
Mawas dhiri, ojo leno marang opo lan sopo.
Cukup wejanganku dino iki ngger...
Uripo koyo tumrape manungso kang nduweni sipat kamanungsan.
Ora kudu podo, ora kudu ketoro lan ojo nyebar wisa.
Sehat terus, pandjang umur...
Amiiiiin Amiiin Amin Yaa robbal Allamiin.
Damar Nalendra Wisanggeni


Tidak ada komentar:
Posting Komentar